Wabil khusus, dhumateng panjenenganipun KH. Miftahul Mufid Mag.
Ingkang kito mulyaaken bapak maskun S E. Spd.
Ingkang minulyo Hj. Kartika hidayati, M.M,MHP.
Ingkang minulyo Bpk KADES.
Lan sedanten dewan guru, tokoh masyarakat, ugi wali santri, sedoyo alumni. lan poro hadirin sedoyo, ingkang bahagia.
Pertama tama, monggo kito aturaken puja lan puji syukur dhumateng allah swt, kelawan pengucap الحمدلله رب العالمين senaoso nikmat lan rohmat allah meniko, kito saget kempal ngeraosi adicoro Haflah akhirusanah SMP, MA diniyah Gowah Turi lamongan , wakdal enjing meniko.
Engkang ke kali, sholawat ugi salam mugi kaunjuk dhumateng nabi muhammad saw, kanti pengucap اللَّهُمَّ صَلِى عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدْ
Selami suryo meniko tasek menyinari kota mekkah, ugi rembulan meniko menerangi kota madinah.
Hadirin engkang bahagia.
Al qur’an meniko wahyu engkang sampun dipun paringaken allah swt, dhumateng nabi muhammad saw, damel penerang lan pitedah, ugi pedoman lan rohmat engkang kekal abadi, sarono dados mukjizat lan bukti keleresanipun kautuse rosulullah saw. Allah ngutus dumateng kito supadoso ngelanggengaken maos al qur’an, dawuhipun allah ingdalem al qur’an surat al kahfi ayat 27 : ( kale doso pitu )
وَاتْلُ مَا أُوحِيَ إِلَيْكَ مِنْ كِتَابِ رَبِّكَ ۖ لَا مُبَدِّلَ لِكَلِمَاتِهِ وَلَنْ تَجِدَ مِنْ دُونِهِ مُلْتَحَدًا
Engkang artosipun : mocoho o siro muhammad ing opo kang wes den dawuhaken maring siro , hiyo iku kitab al qur’an , ora ono salah sawijine wong kang iso ngerubah ukoro ukorone, lan ora ono ngon berlindung sing siro temu, kejobo saking allah.
Sekedik sanget, tiang engkang ngelanggegaken maos al qur’an amergi males. Mengertosi al qur’an niku kata kandunganipun, engkang saget damel pitedah gesang wonten dunyo. Ugi sebagian tiang meniko ngeraos mboten ngadah wadal kangge maos al qur’an . mangertosi bilih ngaos al qur’an meniko katah sanget keutamaannipun. Salah setunggal inggih meniko maos setunggal huruf mawon niku, diganjar setunggal amal kesaenan engkang dipun tikelaken dados sedoso kesaenan, ugi al qur’an niku sanget dados syafaat, pitulung dateng ahlinipun mbenjeng dinten qiyamat, lan tasek katah sanget keutamaanipun.
Hadirin engkang dirahmati allah..
Saklintunipun maos puniko , supados sanget luweh celak dumateng al qur’an inggih meniko dipun apalaken , kito sedoyo sampun semerap, beleh al qur’an meniko salah setunggalipun kitab suci, ingkang kareksan kanti sae dumugi lafadz ugi kandunganipun. Allah ngerekso al qur’an puniko salah setunggalipun kanti mulyaaken penghafalipun, lan pinten’’ keutamaanipun tiang ingkang hafal al qur’an meniko :
1. Manahipun ampun nate kosong saking cahayanipun al qur’an.
2. Poro penghafal al qur’an meniko benjeng dipun paringi mahkota engkang dipun anggeaken ten piyambaipun, rasulullah dawuh : al qur’an meniko benjeng dinten qiyamat nyuwun ten gusti allah sipados maringi mahkota lan jubbah kemulyan maring penghafalipun, ugi ditambahipun bertambah kesaeanipun sakeng saben ayat ingkang dipun waos.
3. Dipun panggenaken paling inggil ten suwargo, mugi mugio allah ndadosaken kito kawulo ingkang remen dumateg firmanipun, kelawan ngaos atawinipun saget ngafalaken , anging meniko saget ngamalaken niku ingkat dados langkung sae.
Mekaten engakang saget kito aturaken dumateng panjenenganipun sedoyo, ugi kito piyambak , selajengipun kito nyuwun agungipun pengapunten menawi katah kekirangan milai awal ngantos akhir.